Selasa, 13 September 2016

NARASI PENTHUL MELIKAN

PAMIRSO pawai pembangunan ingkang minulyo
Penthul Melikan dipun ripto rikolo tahun 1952 dining panjenenganipun alm. Kyai Munajah, Kyai Sahid dalah Kyai Harjo Dinomo saking Dusun Melikan Desa Tempuran.
Ageman dalah gerak tari Penthul Melikan tuhu ngemu suraos pitutur luhur saking poro sesepuh ing antawisipun :
Ageman / rasukan Penthul Melikan wonten ingkang bolong ngajeng niku mengku werdi seperangane menungso meniko wonnten ingkang naming mentingaken kebetahan padaranipun kemawon.
Ageman Penthul Melikan wonten ingkang bolong wingking maknanipun seperangan manungso wonten ugi ingkang menggalihaken pagesangan ingkang langkung langgeng ing mbenjangipun. Tuhu meniko ingkang leres.
Topeng penthul ingkang aneko warni benten –benten bentuk ipun meniko mujutaken bilih teng Indonesia meniko benten-benten suku bangsa, adat istiadat, agama lan ras sipun soho lintu-lintunipun.
Lajeng gerakan – gerakan tari Penthul Melikan meniko ugi wonten werdinipun :
Gerakan GANDENGAN TANGAN  mengku filosofi ajak-ajak dating kerukunan, gotong royong adalah persatuan bangsa Indonesia.
Gerakan OO AA . O artosipun obah. A artosipun Alloh. Maksutipun kito kedah makaryo lan tansah enget dating kemirahan dalah keagunganipun Gusti Alloh.
Gerakan MAJU BUNG mengku werdi kito kedah terus bergerak maju kangge ngisi kamardikan.
Gerakan SELALU maknanipun ngemutaken kito kedah istiqomah wonten perjuangan lan ngisi kamardikan.
Gerakan INSYAFLAH ngemutaken kito supados inggal-inggal tobat saking doso-doso ingkang kito lampahi.
Gerakan SUDAH JADI ngaturaken bilih Negari Indonesia sampun mardiko rikolo 17 Aguatus 1945.

Gerakan AKU SUKA nggambaraken kebahagiaan kemeriahan rakyat Indonesia sak lebetipun nyambut kamardikan negari kito Republik Indonesia. Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

PENTHUL MELIKAN